Sabtu, 11 Juli 2015

001 PAMBUKA

Flag Counter 001 PAMBUKA

Nuwun,,
Sugeng rawuh amriksani blog kawula.
Blog punika mugi saged damel renaning penggalih lan nambah sakedik wawasan panjenengan sadaya.
Para pamirsa, Budaya Jawi, utaminipun ringgit lan saubarampenipun punika  budaya adi luhung ingkang kedah dipun giyaraken saindenging bumi, amargi saged angirangi lan ugi ngluluhaken sura dira jayaningrat ingkang sapunika sampun angrambahi imbang kilen (Timur Tengah)
Blog Langgam punika minangka sarana anglempakkaken langgam  kemawon.
Ing ngriki (ing blog punika) kulo namung bade anggatukkaken teknologi komputer sagaduk kulo kangge anyebaraken tembang, gending, gamelan lsp ing pangangkah gampilaken panjenengan mundut (donlod) utawi 'merekam' (burning DVD / VCD) saha tatacaranipun.
Makaten ugi madosi ing pundi alamat (address, url) langgam lsp.


Nuwun

002. UMMY DOWNLOADER

Flag Counter
002. UMMY DOWNLOADER

Para Pamirsa.
You tube punika angewrat meh sadaya wacana ingkang dados kabetahaning tiyang sabumi.
Bade sinau bahasa Inggris/Manca , wonten. Masak-memasak, wonten, Mirsani ringgit wacucal, wonten. Music. Kathah. Perbaikan alat elektronika, monggo. Bade mbangun dalem/ griya ugi wonten. Cekakkipun punapa ingkang panjenengan kersakkaken saged dipun padosi ing Youtube.

UMMY DOWNLOADER. Sarana kangge mendet (donlod/download) file.
Panjenengan klik     http://videodownloader.ummy.net/?
Salajengipun kantun klik seratan  DOWNLOAD ing ngriku.
Prosesipun namung samenit kalih menit sampun rampung.Yen kecepatan transfer rendah, saget ugi ngantos 10 menit.
Salajengipun panjenengan padosi ing directory computer UmmyVD-Web-Loader.exe
Dipun klik kemawon. Lajeng klik  RUN ing kotakan ingkang katingal.
Kaaturan nengga sawatawis ngantos rampung anggenipun downloading files
Klik YES ing kotak salajengipun.
Klik bunderan alit  I accept the agreement ingkang ateges panjenengan anyetujoni aturan saking software punika.
Lajeng klik   Next  ing kotakan alit salajengipun
Kilk  Next   malih ingkang ateges bade Express Install
Nengga sakedap ngantos rampung proses.
Klik Finish. Rampung.
Ing ngriku lajeng wonten 'tampilan  UMMY VIDEO DOWNLOADER  isinipun

Related Searches



Sakersa. Yen panjenengan pengin nyobi sadaya punika.
Salajengipun dipun close utawi dipun alitaken 'tampilan punika supados boten ngrepoti.
Sapunika katingal tampilan Youtube downloader asli ingkang agengipun seprapat layar. Boten saged dipun agengaken malih. Namung wonten seratan  Insert link to video.

Cobi dipun klik bunderan alit ing nginggil sisih kiwa.
Katingal seratan Settings lan sapanunggilanipun.
klik Settings
Ing kotak isian nginggil piyambak panjenengan klik gambar kuning/jinggo alit ing nginggil sisih tengen.(Browse)
Panjenengan pilih ing pundi 'directory' kangge nyimpen 'file' punika. Upaminipun D:\
Salajengipun ing kotak isian ngandapipun saged milih 'kwalitas' video.
Pilihanipun:
MP4  1080  FullHD  60 FPS                                                                
MP4   720 HD    60  FPS                                                                
MP4    - - - -                                                              
MP4   - - - -                                                                  
MP4    480 VGA                                                                
MP4    - - - -                                                              
MP4   low                                                                
MP3                  
Yen panjenengan milih MP4 1080  FullHD 60FPS ateges panjenengan milih kwalitas gambar video ingkang paling sae. Nanging dereng tamtu saged dipun 'tampilaken' ing layar TV, utawi video.
Umumipun milih  MP4 480 VGA . Punika kangge layar tv/ video umumipun.
Yen pengin supados dados MP3 inggih panjenengan pilih paling ngandap. MP3
Lha yen ngersakkaken gadah rekaman video lan rekaman MP3 nggih download kaping kalih.piyambak2
Sanadyan makaten mangke yen sampun miwiti download tetep taksih wonten pilihan kwalitas punika.
'Penting'
Sasampunipun ngatur Settings, Ummy Video Downloader kedah dipun tutup (X =close)
Yen sampun, sapunika dipun bikak malih kangge download salajengipun.
Yen boten dipun tutup rumiyin, 'settingan' kala wau cabar, muspra.

DOWNLOAD
Panjenengan pilih pundi file You tube ingkang bade kaunduh (download)
upaminipun
GENDHING GAMBIR SAWIT MG PANGKUR SL9
Panjenengan copy alamat (Address, URL)
Salajengipun klik Ummy video downloader.
Ing ngriku alamat punika mlebet ing kotak isian Insert link to video
Salajengipun katingal gambar jinantra (roda) mubeng2. Dipun tengga sawatawis ngantos katingal gambar video ingkang bade dipun download.
Ing ngriki panjenengan saged milih kwalitas gambar video punapa MP3 ingkang kapilih.
                                             
Yen boten milih, punika ateges pilihan Settings  ing nginggil (default)
Klik Download. Sapunika kantun nengga sarampungipun.
Katrangan.
'Proses download' punika urut-urutan .
Panjenengan saged tumuli milih video Youtube sanesipun malih. Copy alamat lajeng klik Ummy Video downloader, nengga sawatawis ngantos katingal gambar video, lajeng klik download malih.
Makaten saterusipun. Boten perlu nengga satunggal2 rampung.  Ummy video downloader nglampahaken download punika satunggal2. Rampung satunggal, nembe download satunggalipun malih urut-urutan.
Benten kaliyan IDM (Internet Download Manager) ingkang nglampahaken download sasarengan , saengga ngrindikkaken(memperlambat) proses komputasi.

Nuwun

003. EDITING

Flag Counter
003.  EDITING

Nuwun para pamirso
Asilipun 'download' angunduh saking Youtube puniko taksih arupi file komputer.
Panjenengan saged mirsani ngangge  'software' Winamp , AIMP3 , DIVX  , VLC utawi sanesipun.

Winamp
Yen panjenengan ngersakkaken download Winamp panjenengan klik  http://winamp.en.softonic.com/download

 AIMP3
Alamat AIMP3
Panjenengan klik seratan Download
Sasampunipun dipun klik, lajeng wonten pilihan
Panjenengan pilih ing ngandap punika.
Download AIMP v3.20 Build 1165 View Change Log

Uploaded: 09.01.2013 Size: 7.22 MB Download

DIVX

Media Player Classic (MPC)

VLC

Amangsuli rembag ing ngajeng
Yen panjenengan bade ngersakkaken 'rekaman' ing VCD utawi DVD, nami utawi judul file punika kedah dipun edit tegesipun dipun leresaken dipun jumbuhaken kaliyan aturan proses perekaman (proses burning file)
01. Yen wonten huruf utawi abjad upaminipun  #  ,   @ ,  % ,. lsp  puniko boten saged dipun rekam.
       Caranipun inggih dipun icali kemawon (delete) huruf punika.
02. Ugi nami ingkang panjang, upaminipun
       MUDHO LARAS karawitan klenengan cokek ILIR-ILIR lanjut IRENG MANIS
        Kedah dipun kirangi , upaminipun dados
        MUDHO LARAS - ILIR-ILIR lanjut IRENG MANIS.
03. Judul rekaman urut huruf.
       GENDHING TALU WAYANGAN 08
       karawitan gending jawa ladrang mugi rahayu
       KEMPLING PANGGODANING Katresnan Karawitan Tardi Laras
       TETESING TRISNA PANGATAK Karawitan Mudo Laras

Yen panjenengan ngersakkaken boten urut huruf, kedah dipun tambah nomer urut upaminipun
01 KEMPLING PANGGODANING Katresnan Karawitan Tardi Laras
02 TETESING TRISNA PANGATAK Karawitan Mudo Laras
03 GENDHING TALU WAYANGAN 08
04 karawitan gending jawa ladrang mugi rahayu

Makaten salajengipun
Nuwun

004. PEREKAMAN (BURNING FILE)

Flag Counter 004.  PEREKAMAN  (BURNING FILE)

Nuwun para pamirso.
Ing ngandap punika kulo aturaken tata cara utawi proses perekaman mawi Bahasa Indonesia ing pangangkah anggampilaken panjenengan makarya proses punika. 

Bab DVD.
1.  Perekaman punika saged kalampahan yen DVD drive panjenengan R/W drive.
     DVD biasa mboten saged kangge rekaman. 
2 . DVD R/W  saged kagem  rekaman ngantos 20 DVD / VCD
     Langkung saking punika laser optic  sok rewel.
     Regi DVD R/W internal sapunika kirang langkung  15 U$  (200 rb rupiah)
     Langkung sae yen panjenengan mundut DVD  R/W external. Reginipun kirang langkung  25 U$  (300 
     rb.rupiah)
     DVD  R/W external saged kangge rekaman ngantos langkung saking 50 DVD
     Menawi panjenengan mundut DVD  R/W external,sampun dipun kanteni software kangge rekaman.
     Kantun dipun install (gampil kok) lan tumunten saged kangge rekaman. Mboten perlu nyinaoni   tata cara
     perekaman malih.
3.  Yen bade mirsani rekaman DVD ing komputer, prayoginipun file dipun copy kemawon wonten 
      hardisk komputer. Supados laser optic awet.

DVD video player ingkang pancen kangge mirsani ing TV langkung sae kangge mirsani DVD rekaman panjenengan punika.


PEREKAMAN  (BURNING FILE) menggunakan software NERO

http://en.softonic.com/s/nero-startsmart

Pilih yang gratis
Burning (perekaman) pada CD/DVD adalah pekerjaan yang riskan, dalam arti mudah rusak karena gangguan kecil.
Untuk hal tersebut maka anda harus menghentikan semua aktivitas yang dilakukan komputer yaitu:
Print, Scan, Copy/Paste, Download, Upload, Winamp, dll yang berhubungan dengan aktivitas komputer anda.
Kemudian anda harus memastikan bahwa selama 10 s/d 15 menit (selama proses burning) tak terjadi pemadaman listrik.
Jika terjadi hal tersebut diatas, maka CD/DVD anda akan rusak dan tak dapat diperbaiki lagi.
Peralatan
Untuk perekaman ini anda harus memiliki CD/DVD writer
Jumper dibelakangnya diset pada slave  , biasanya dibagian paling kanan (tergantung merk CD/DVD writer itu).
CD/DVD
Pilih CD/DVD yang berkwalitas (agak mahal)
Masukkan pada alat CD/DVD writer.
Proses:
1.Klik icon Nero.
2.Tampil gambar garis lenggak-lenggok keatas.
3.Klik X dipojok kanan atas.(dimatikan)
Tampil Welcome to Nero StartSmart
4.Klik Data pada menu disebelah atas
5.Klik Burn and Copy Data.
Tunggu sebentar sampai tampilan berikut.
6.Klik Data CD atau Data DVD
7.Pada tampilan berikutnya anda bisa copy/paste semua data.AVI ,  data.MP4, data.MP3 yang akan di burn.
Dibagian bawah akan tampak jumlah MB tersebut.
Untuk CD umumnya sampai batas 650 MB
Untuk DVD batas maksimum adalah 4400 MB
Lebih dari itu proses burning akan dibatalkan.
Jadi anda harus men delete sebagian data.
(delete disini hanya menghapus daftar saja, bukan menghapus file di harddisk anda)
8. klik panah kecil disebelah kiri.
Itu adalah pengaturan, yang dapat anda pelajari dilain waktu.
9.klik Next pada pojok kanan bawah.
10. Pada Disc name, tulis nama misalnya Kresno Duto, maksimal 15 huruf.
11. Number copies tulis 1. Jika 2 atau 3 berarti dicopy 2 atau 3 kali.
12.pilih Verify data, sebab ini akan menjamin penulisan lebih akurat.
Jangan pilih allow files. . .  sebab akan mengurangi kwalitas rekaman data.
13.Klik panah kecil disebelah kiri.
Pilih speed maximum: 16X,12X,8X dll.
Perekaman dengan 8X lebih baik dari 16X tetapi prosesnya lambat.
14.Pilih Write, jangan pilih simulation, karena bukan untuk simulasi.
15. Periksa sekali lagi, jika anda tak yakin ya tekan Back untuk kembali kesebelumnya.
16.Jika anda sudah yakin benar,barulah klik Burn
Tunggu sampai proses complete, yang ditandai dengan alat CD/DVD writer secara otomatis mengeluarkan CD/DVD anda.
17. Proses selesai anda diminta Save, pilih No saja.
Setelah itu X dan X saja untuk menutup software ini.

Ada pertanyaan?
Tulis ke email : mintorogo.pribadi@gmail.com

005. PROSES MENGCOPY ALAMAT (ADDRESS) FILE YOUTUBE

Flag Counter
005. PROSES  MENGCOPY ALAMAT  (ADDRESS) FILE YOUTUBE

Address ing Youtube .
Ing ngandap punika kula aturaken alamat utawi address file ingkang saged panjenengan pilih.
Dipun klik kemawon.
Contonipun:


Cobi panjenengan klik alamat ing nginggil.
Katingal video youtube. Judulipun
FULL ALBUM CAMPURSARI LANGGAM JAWA NONSTOP
Ing sisih tengen gambar wonten daftar video ingkang saged kapilih
FULL ALBUM CAMPURSARI LANGGAM JAWA NONSTOP
Gending Jawa full Langgam Campursari Supra Nada 
full langgam mat matan campursari sangkuriang live getas jaten selogiri part 3
lsp.

Panjenengan pilih satunggal.sarana 
klik kanan.
Dipun pilih Copy link address
Salajengipun panjenengan klik Ummy Downloader kaping kalih ing kotak isian
Proses download sampun kawiwitan.
Dipun tengga sawatawis wekdal ngantos katingal gambaripun video ingkang bade dipun download.
Panjenengan pirsani malih pilihan kwalitas download ing sisih kering, video (MP4) punapa MP3
Yen sampun leres nembe dipun klik download
Mboten perlu nenggo ngantos paripurnaning download punika.
Panjenengan padosi sanesipun, lajeng
Klik kanan, dipun pilih Copy link address
Salajengipun panjenengan klik Ummy Downloader kaping kalih
Proses download sampun kawiwitan lan salajengipun kados ing nginggil..
Panjenengan saged download sadaya kanti cara punika.

Nuwun
Serat mugi kaalamatken  Mintorogo.pribadi@gmail.com

006. ADDRESS LANGGAM JAWA YOUTUBE

Flag Counter
006.  ADDRESS   LANGGAM JAWA  YOUTUBE

Katrangan:
Nglampahaken video Youtube sesarengan kaliyan download punika ngrendetaken (memperlambat) proses download.

Saking kathahipun pilihan, panjenengan kedah nyatet punapa kemawon ingkang bade dipun download.supados boten download rangkep.Dene ingkang sampun kalajeng rangkep, prayoginipun dipun 'delete' utawi dipun hapus kemawon salah satunggal.

Contonipun:
1.  Panjenengan klik judul video punika
2. lajeng klik link https:   ingkang  katingal ing ngandapipun
Katingal video judulipun:
FULL ALBUM CAMPURSARI LANGGAM JAWA NONSTOP
    Ing ngriku katingal urut2an judul lagu. Sakersa pilih ingkang pundi.
    (Panjenengan saged klik  Play all kangge ningali sadaya gambar videonipun)
FULL ALBUM CAMPURSARI LANGGAM JAWA NONSTOP
Gending Jawa full Langgam Campursari Supra Nada -2014
full langgam mat matan campursari sangkuriang live getas jaten selogiri part 3
3. Klik kanan ing
Gending Jawa full Langgam Campursari Supra Nada -2014
    Dipun pilih copy link address
4. Klik Ummy video downloader  kaping kalih ing kotak isian
5. Nengga sakedap ngantos katingal gambar video ingkang bade dipun download
6. Klik download

Proses download
.
1. Monggo dipun klik judul video ing ngandap punika,
2. lajeng klik link https:
    Ing ngriku katingal urut2an judul lagu. Sakersa pilih ingkang pundi.
3. Salajengipun copy link address ingkang bade dipun download.
4. Klik Ummy video downloader  kaping kalih ing kotak isian
5. Nengga sakedap ngantos katingal gambar video ingkang bade dipun download
6. Klik download

DAFTAR  JUDUL LANGGAM JAWA






006.Karaoke



009.langamm

010.langgam

011.langgam

012.langgam

013.langgam




















Ing ngandap punika namung wonten 1 video






106.FULL ALBUM CAMPURSARI LANGGAM JAWA NONSTOP





















.












140.Gending Jawa full Langgam Campursari Supra Nada -2014














Serat mugi kaalamataken : mintorogo.pribadi@gmail.com

= = = = = = = =  jkt  30 juni 2015 = = = = = = =