Sabtu, 11 Juli 2015

007. KOMPUTER. NGANGSU KAWRUH.

Flag Counter
007.  KOMPUTER.  NGANGSU KAWRUH.

DOWNLOAD  ( donlod = ngunduh ) 
Pangertosan download (ngunduh) punika kados ngunduh woh-wohan ingkang sampun wancinipun kaunduh. Ing ngriki  woh-wohan , punika awujud file komputer. 
Santering (kecepatan) ngunduh punika kaetang ngangge kb/s = kbps (kb per s = kilo byte per second = kilo byte per detik). 

1 BYTE = 1huruf =   1 abjad  upaminipun a , b , c , . . . . . . . . z
                                 1 abjad ageng :  A , B , C , D . . . . . . . . .Z
                                 1 angka  upaminipun  0 , 1 , 2 , 3 . . . . .9
                                 1 tanda upaminipun   ! , @ , # , $ , lsp

BIT Binary digit
Punika etangan ingkang paling alit piyambak. 
Mesin Komputer punika dipun lampahaken dening stop-kontak listrik ingkang kawujudaken dening angka 0 lan angka 1 . Angka 0 ateges stop (mandeg) lan angka 1 kontak (gandeng).
Mandeg lan gandenging listrik punika saged 00111010111011 utawi 100010001110011011 lsp. 
Saben 8 angka 00111010 punika kasebat 1 Byte. lan  dados 1 huruf

Ukuran:
kilo =     1000  = sewu . 1 kb =1 kilobit = 1000 bit. 1 kbyte = 1 kilo byte = 1000 byte.
mega =  1000.000 = yuta.  1 MB = 1 Mega Byte = 1 Byte 
Giga =   1000.000.000 
Terra =  1000.000.000.000
Makaten salajengipun. 
Contonipun
Ukuran tembang  kirang langkung 50 MB = 50 Mega Byte
Yen dipun mirengaken, dangunipun setengah jam
Dados 1 jam panjenengan saged mirengaken gending ingkang ukuranipun 100 MB

Download
Ukuran kecepatan internet benten-benten ing saben panggenan.
Wonten ingkang  1 MB / detik (1 MBps= 1MB/s)
Dados saged donlod tembang 100 MB ing wekdal  100 detik
Wonten ingkang kecepatan internet namung 100 kb/ detik (= sapro sadasa MB)
Dados 100 MB nengga download laminipun  1000 detik ( 1 jam = 3600 detik)
Malah ingkang katah kecepatanipun namung  25 kb/s lan wonten ingkang 10 kb/s. Tamtu nengga pinten-pinten jam yen download.

KANYATAN
Pranyata download punika mboten makaten. Kecepatan download namung saprowolu (seperdelapan) saking etangan ing nginggil..
Wekdal kangge download 100 MB ( kaset tape wolak-walik)
Kecepatan internet 1 MB/s ,
Dangunipun download = ( 100 MB/1MB ) x 8 detik = 800 detik  (800/60 menit) = 13,3 menit
Kecepatan internet  100 Kbps = 1/10  MB/s = 0,1 MB/s
Dangunipun download = ( 100 MB/0,1MB ) x 8 detik = 8000 detik  (8000/60 menit) = 133 menit = 2 jam 13 menit
Kecepatan internet  10 Kbps = 1/100 MB = 0,01 MBps
Dangunipun download = 80000 detik = 1330 menit = 22 jam 10 menit,
 ateges meh sadinten sedalu (24 jam)

MEDIA PEREKAMAN

VCD ukuranipun  700 MB ingkang ateges saged ngrekam tembang (MP3) 7 jam
DVD ukuranipun  4,7  GB = 4700 MB. Saged ngrekam tembang lan lelagon (MP3) ingkang dangunipun ngantos 47 jam.
Menawi film utawi video ingkang wonten gambaripun, punika malah langkung katah telasipun.
Yen kangge ngrekam lagu2 (MP3) 
VCD saged kangge ngrekam lagu2 lan tembang (MP3)  7 jam
Yen kangge ngrekam video, (MP4 = MPEG) namung sepalihipun (separo) = 3,5 jam
DVD saged ngrekam MP3  47 jam
Yen kangge video MP4 utawi MPEG  namung saged 23,5 jam

SOFTWARE
Software computer: Ummy Downloader, IDM (Internet Download Manager)  lsp. Sadaya punika namung saged kangge  20 dinten. Salajengipun kedah tumbas. Reginipun awis. Pramila panjenengan kempalaken rumiyin file pundi ingkang bade dipun donlod.

Nuwun

Serat saged  kakintun dateng : mintorogo.pribadi@gmail.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar