Sabtu, 11 Juli 2015

003. EDITING

Flag Counter
003.  EDITING

Nuwun para pamirso
Asilipun 'download' angunduh saking Youtube puniko taksih arupi file komputer.
Panjenengan saged mirsani ngangge  'software' Winamp , AIMP3 , DIVX  , VLC utawi sanesipun.

Winamp
Yen panjenengan ngersakkaken download Winamp panjenengan klik  http://winamp.en.softonic.com/download

 AIMP3
Alamat AIMP3
Panjenengan klik seratan Download
Sasampunipun dipun klik, lajeng wonten pilihan
Panjenengan pilih ing ngandap punika.
Download AIMP v3.20 Build 1165 View Change Log

Uploaded: 09.01.2013 Size: 7.22 MB Download

DIVX

Media Player Classic (MPC)

VLC

Amangsuli rembag ing ngajeng
Yen panjenengan bade ngersakkaken 'rekaman' ing VCD utawi DVD, nami utawi judul file punika kedah dipun edit tegesipun dipun leresaken dipun jumbuhaken kaliyan aturan proses perekaman (proses burning file)
01. Yen wonten huruf utawi abjad upaminipun  #  ,   @ ,  % ,. lsp  puniko boten saged dipun rekam.
       Caranipun inggih dipun icali kemawon (delete) huruf punika.
02. Ugi nami ingkang panjang, upaminipun
       MUDHO LARAS karawitan klenengan cokek ILIR-ILIR lanjut IRENG MANIS
        Kedah dipun kirangi , upaminipun dados
        MUDHO LARAS - ILIR-ILIR lanjut IRENG MANIS.
03. Judul rekaman urut huruf.
       GENDHING TALU WAYANGAN 08
       karawitan gending jawa ladrang mugi rahayu
       KEMPLING PANGGODANING Katresnan Karawitan Tardi Laras
       TETESING TRISNA PANGATAK Karawitan Mudo Laras

Yen panjenengan ngersakkaken boten urut huruf, kedah dipun tambah nomer urut upaminipun
01 KEMPLING PANGGODANING Katresnan Karawitan Tardi Laras
02 TETESING TRISNA PANGATAK Karawitan Mudo Laras
03 GENDHING TALU WAYANGAN 08
04 karawitan gending jawa ladrang mugi rahayu

Makaten salajengipun
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar