Sabtu, 11 Juli 2015

002. UMMY DOWNLOADER

Flag Counter
002. UMMY DOWNLOADER

Para Pamirsa.
You tube punika angewrat meh sadaya wacana ingkang dados kabetahaning tiyang sabumi.
Bade sinau bahasa Inggris/Manca , wonten. Masak-memasak, wonten, Mirsani ringgit wacucal, wonten. Music. Kathah. Perbaikan alat elektronika, monggo. Bade mbangun dalem/ griya ugi wonten. Cekakkipun punapa ingkang panjenengan kersakkaken saged dipun padosi ing Youtube.

UMMY DOWNLOADER. Sarana kangge mendet (donlod/download) file.
Panjenengan klik     http://videodownloader.ummy.net/?
Salajengipun kantun klik seratan  DOWNLOAD ing ngriku.
Prosesipun namung samenit kalih menit sampun rampung.Yen kecepatan transfer rendah, saget ugi ngantos 10 menit.
Salajengipun panjenengan padosi ing directory computer UmmyVD-Web-Loader.exe
Dipun klik kemawon. Lajeng klik  RUN ing kotakan ingkang katingal.
Kaaturan nengga sawatawis ngantos rampung anggenipun downloading files
Klik YES ing kotak salajengipun.
Klik bunderan alit  I accept the agreement ingkang ateges panjenengan anyetujoni aturan saking software punika.
Lajeng klik   Next  ing kotakan alit salajengipun
Kilk  Next   malih ingkang ateges bade Express Install
Nengga sakedap ngantos rampung proses.
Klik Finish. Rampung.
Ing ngriku lajeng wonten 'tampilan  UMMY VIDEO DOWNLOADER  isinipun

Related Searches



Sakersa. Yen panjenengan pengin nyobi sadaya punika.
Salajengipun dipun close utawi dipun alitaken 'tampilan punika supados boten ngrepoti.
Sapunika katingal tampilan Youtube downloader asli ingkang agengipun seprapat layar. Boten saged dipun agengaken malih. Namung wonten seratan  Insert link to video.

Cobi dipun klik bunderan alit ing nginggil sisih kiwa.
Katingal seratan Settings lan sapanunggilanipun.
klik Settings
Ing kotak isian nginggil piyambak panjenengan klik gambar kuning/jinggo alit ing nginggil sisih tengen.(Browse)
Panjenengan pilih ing pundi 'directory' kangge nyimpen 'file' punika. Upaminipun D:\
Salajengipun ing kotak isian ngandapipun saged milih 'kwalitas' video.
Pilihanipun:
MP4  1080  FullHD  60 FPS                                                                
MP4   720 HD    60  FPS                                                                
MP4    - - - -                                                              
MP4   - - - -                                                                  
MP4    480 VGA                                                                
MP4    - - - -                                                              
MP4   low                                                                
MP3                  
Yen panjenengan milih MP4 1080  FullHD 60FPS ateges panjenengan milih kwalitas gambar video ingkang paling sae. Nanging dereng tamtu saged dipun 'tampilaken' ing layar TV, utawi video.
Umumipun milih  MP4 480 VGA . Punika kangge layar tv/ video umumipun.
Yen pengin supados dados MP3 inggih panjenengan pilih paling ngandap. MP3
Lha yen ngersakkaken gadah rekaman video lan rekaman MP3 nggih download kaping kalih.piyambak2
Sanadyan makaten mangke yen sampun miwiti download tetep taksih wonten pilihan kwalitas punika.
'Penting'
Sasampunipun ngatur Settings, Ummy Video Downloader kedah dipun tutup (X =close)
Yen sampun, sapunika dipun bikak malih kangge download salajengipun.
Yen boten dipun tutup rumiyin, 'settingan' kala wau cabar, muspra.

DOWNLOAD
Panjenengan pilih pundi file You tube ingkang bade kaunduh (download)
upaminipun
GENDHING GAMBIR SAWIT MG PANGKUR SL9
Panjenengan copy alamat (Address, URL)
Salajengipun klik Ummy video downloader.
Ing ngriku alamat punika mlebet ing kotak isian Insert link to video
Salajengipun katingal gambar jinantra (roda) mubeng2. Dipun tengga sawatawis ngantos katingal gambar video ingkang bade dipun download.
Ing ngriki panjenengan saged milih kwalitas gambar video punapa MP3 ingkang kapilih.
                                             
Yen boten milih, punika ateges pilihan Settings  ing nginggil (default)
Klik Download. Sapunika kantun nengga sarampungipun.
Katrangan.
'Proses download' punika urut-urutan .
Panjenengan saged tumuli milih video Youtube sanesipun malih. Copy alamat lajeng klik Ummy Video downloader, nengga sawatawis ngantos katingal gambar video, lajeng klik download malih.
Makaten saterusipun. Boten perlu nengga satunggal2 rampung.  Ummy video downloader nglampahaken download punika satunggal2. Rampung satunggal, nembe download satunggalipun malih urut-urutan.
Benten kaliyan IDM (Internet Download Manager) ingkang nglampahaken download sasarengan , saengga ngrindikkaken(memperlambat) proses komputasi.

Nuwun

1 komentar: